Wong iki rek . . jenenge ae Carlos Augusto Alves Santana utowo leg dicelok carlos santana. lahire ndek Autlan, Jalisco, Mexico, 20 Juli 1947. Musisi lawas/legendaris sing terkenal ambek band rock-e, Santana Blues Band iki terkenal antara tahun 1960-1970, jeneng personel e iku leg gk salah Tom Frazier (guitar), Mike Carabello (percussion), Rod Harper (drums), Gus Rodriguez (bass guitar) dan Gregg Rolie (organ/vocals). . . koncoku ngopi rek wong iki.
Santana iku yo terkenal ambek permainan melodi gitar-e, meski asline alat musik liyone yo dikuasai (gendang, ketepung, kentrung, angklung, gong, lan liyo-liyone, ngarang aku rek). wong iki dinilai sebagai 'gitaris eletronik' senior sing nduduhno permainan sing gawe sedikit pedal. wong iki yo tau menang grammy award. leg awakmu gak percoyo rungokno ae lagune sing judule evilways. leg umpamane kond gak iso turu rungokno ae lagu-lagune carlos santana.
